Awake dhewe iki dadi pemudha sing bakalan nerusake mimpin Negara Indonesia mesti wes padha weroh yen bangsa iki nduweni akeh banget budhaya. Lan salah sawijine budhaya iku yaiku budhaya Jowo.
Budhaya jowo ingkang den warisake sangka para leluhur kita iku akeh banget werno-wernine. Ana ing babakan sandangan, babakan tari-tarian, babakan gendhing-gendhing jawa, gamelan, keris, batik, pawukon, sastra jowo, wayang, karawitan, ludruk, keroncong, uga sak pinunggalane. Sak jane isih okeh kebudhayan ing tanah Jowo iki.
Ing babakan sandangan, ana sing diarani busana kejawen sing anduweni lambang khusus kanggo wong-wong jawa. Ing babakan tari-tarin, ono sing diarani Tari Srimpi sing den karang maring Paku Buwono IX. Ugo ono tari Bedoyo ingkang dadi legenda tarian katresnan Raja Mataram karo Ratu Kencana Sari.
Ono ing babakan gendhing Jowo ugo okeh bannget rupine. Hananging ing tulisan iki namung tak sebutne sebagian wae. Kang salah sawijine yoiku tembang macapat koyodene Pucung, Maskumambang, Gambuh, Megatruh, Mijil, Kinanthi, Durna, Asmarandana, Pangkur, Sinom, lan Dandang Gulo. Ugo kebudhayaan-kebudhayaan liyo sing wis dak sebutake ing dhukur.
Hananging ing perkembanganing jaman iki wes agawe akeh perubahan. Ora mung perubahan ing babakan gayane urip manungso, perubahan tekhnologi, perubahan akhlak, ugo perubahan budhoyo-budhoyo sangka leluhur.
Onone perubahan-perubahan iku mau ora adoh sangka partisipasi para pemudhone. Pemudho iku dadi generasi sing bakal nerusake mimpin donya. Mulo pemudho iku den tuntut kanggo iso agawe piro-piro penemuan anyar ing babakan teknologi ugo ing babakan ilmu pangerten. Tapi yen ora onone dasar agomo kang kuat kanggo iku kabeh mongko hasile yo ora iso sempurno. Iso-iso malah bakal ndadeake pemudho-pemudho iku lali marang budhoyone.
Manut maring sumber koran Kompas Solo den sebutake yen bangsa Indonesia iku bangsa sing sugeh karo kebudhayaanne sing agung sak njobone kebiasaan manungso. Perkoro iki iso dadi sumber penghasilan lan biji dagang kanggo kapentingan diplomasi Indonesia karo negoro liyo. Mangka sangka iku, para pemudhane kudu iso nuduhake kasugihane kabudhayaan Indonesia iki maring negoro liya.
Hananging yen kahanane kaya sak iki, para pemudhane wis padha keset lan wegah nyinaoni kebudhayaane dhewe. Lha yen koyo ngono iku mau, sopo maneh sing bakal ngenalake kebudhayaan Jowo iki maring negroro liyo? Yen dipekso ngenalake ugo ora bakal iso. Opo coba sing dikenalake yen sing bakal ngenalake wae ora ngerti opo-opo babakan iku? Pora yo lucu lan diguyu wong-wong turis iku yen ngenalake nanging ora kenal?
Budhoyo Jowo iku salah sawijine budhoyo kang kahanane wis mulai ilang. Lan dadi kewajibane kita kabeh poro pemudhane bangsa kanggo jogo lan nglestareaken. Amprih ora den colong karo negoro liyo, koyoto kasus Reog Ponorogo lan kasenian batik. Jogo kebudayaan iku ora sak wise eneke kasus koyo iku mau. Tapi mulai sangka sak iki kudu wis den jogo lan den lestareake. Ora yen wis dicolong wong lagi klabakan bingung nggoleki koyo pitik babon kelangan piyike. Bingung ngalor bingung ngidul, tapi ora gelem disalahake. Yen ditekoni nyapo kok iso den colong wong jawabane gampang “Lha terah KERE. Iren ngingeti budhayane wong liyo. Duwe’e dhewe den jupuk.”
Naliko kahanane koyo mengkono mau, awake dhewe iki ora iso nyalahake wong liyo. Tapi iku mau mergo salahe awake dhewe ugo. Nyapo awake dhewe iki ora gelem jogo, nyinaoni, lan nglestareake opo sing wis diparingake Gusti kang Maha Agung? Apa sing den paringake gusti iku mau kurang akeh?
Lan naliko awake dhewe iki wis ora gelem nyinaoni budhayane dhewe, contone nyinaoni tari-tari Jowo, utowo ngomong nganggo basa jowo sing leres saben dinone, mangka iso den kiro-kiroake yen boso jawa iku bakalan ilang ing wektu 20-30 tahunan maneh. Perkoro iki iso den gandrungi sangka mulai den ilangake piwulangan tata basa jowo neng sekolah-sekolahan sing iku sak mbiyene dadi pelajaran wajib kanggo poro siswa. Nanging sak iki piwulangan bab kebudhayaan jowo iku mau den ganti karo piwulangan bab basa asing, koyo basa Inggris, basa Arab, basa Mandarin, lan liyane.
Pancen leres lan ora salah yen awake dhewe iki nyinaoni basa asing sing dadi salah sawijine kebudhayaane negoro liyo. Nanging ora luweh apik yen awake dhewe iki ugo tetep mangerteni babakan budhaya dhewe. Mulo sangka sak iki ayo padha nyinaoni budhaya kita. Supoyo ora den colong karo wong liyo maneh. Lan iku iso ndadeake bangsa Indonesia iki den segani karo bangsa liyo mergo kebudayaane.
Den karang maring Rizky D. Ula/XIA3(JuaraII lomaba artikel jawa Bulan Bahasa MAN 2 MADIUN).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar